Surat Balesan Kagem Mamak Bapak

IMG_20170530_082733

Posting ini adalah surat balasan dari surat (Judul: Surat Kanggo Anak-Anakku) yang sempat booming akhir-akhir ini di bulan Ramadhan 1438 H, yang kurang lebih isinya menggambarkan kerinduan orang tua kepada anak dan cucunya yang merantau dan menggaharap kepulangannya sewaktu lebaran nanti.

Saya juga kurang tau siapa yang menulis surat tersebut. Nah, berikut ini surat balasan versi saya (jomblo) ketika membalas surat tersebut, dan alhamdulillah surat ini bisa saya sampaikan ke orang tua saya lewat telepon. Karena suratnya dengan bahasa jawa, maka saya mencoba menulis balasannya dengan bahasa jawa pula.

✉ *Surat Balesan Kagem Mak’e Pak’e* ✉

Mak’e Pak’e surat kala wingi sampun kulo tampi,
Punopo ingkang dados wosing surat sampun kula mangertosi

Mak Pak,
Alhamdulillah lebaran tahun sapunika, keng putra badhe wangsul mak sanadyan namung angsal prei tingang dinten

Mak Pak,
Tahun niki taksih sami kaliyan lebaran kepungkur,
Dereng saget mbeta kanca ingkang saget di ajak nata, nata urip sareng kula.
Sabar nggih mak, pak, Gusti Allah maringi marga.
Ampun meri kaliyan tonggo ingkang kalawingi bibar besanan angsal tangga desa

Mak Pak,
Sanadyan panjenengan tebih saking netra, nanging tresno kula mboten luntur kegawa mangsa

Mak Pak,
Pangestunipun, cicilan omah wonten mriki enggal rampungan,
Supados saget pindah kutha,
Saestu tebih saking mak e pak e mboten sekeca ing dada

Mak Pak,
Mengke umpami lebaran, mboten sah kupat kupat an,
Adang thiwul, gereh teri, jangan lombok kalih mbacem tempe benguk sampun cekap,
Kangen kalih masakan ndeso,
Lajeng ngumpul kadang keluwarga, andum crita kahanan sapunika

Mak Pak,
Cekap semanten balesan saking kula,
Samsaya kathah ingkang katulis, samsaya nrocos eluh mata
Mugi Gusti Ingkang Maha Kuasa tansah paring nugraha dateng panjenengan sedaya.
Aamiin.

Keng putra,
*Wahyu Sejati*

📜(Balasan Surat Kanggo Anak-Anakku)📜
(Versi anake sing isih dewekan)

Dan ini isi Surat Kanggo Anak-Anakku

*SURAT KANGGO ANAK-ANAKKU*

Nduk…  Le…  Lebaran iki kowe mulih yo…. Aku karo bapakmu kangen…

Nduk…  Le…  Putuku saiki wis iso opo?…  Wingi kowe ngirim fotone lewat hapene tonggo samping omah…  Lemu yo…  Pipine koyo bakpau..

Aku pengin nggendong anakmu le…  Pengin tak jak mlaku nang dalan ndeso…  Ben wong ngerti,  anak putuku yo mulih…  Ben wong ngerti nak anakku ora mung ngirim duit thok,  ning gelem niliki wong tuwone…

Le…  Nduk…  Kowe mengko lebaran bali yo,  tak dolke wedhus nggo sangu kowe mengko balik nang perantauanmu…  Gedhang sak lirang nang mburi omah keno kanggo gawe kolak mengko nak bakdo…

Le… Nduk…  Aku pengin masakke kupat kowe…  Mbeleh pitik kanggo sayure…  Bakdo 2 tahun iki,  aku mung iso nyawang kupat sayur nang mejo le…  Mung tonggo-tonggo cedhak sing gelem nyicipi…

Nduk…  Le…  Aku pengin dolanan nang latar karo anakmu sing gedhe…  Jagongan karo kowe nang ngemper omah…  Jagongan karo mantuku… mung pengin ngomong karo mantuku,  matur nuwun wis njogo anakku,  ngopeni putuku…

Nduk…  Le…  Kangen tarwih karo kowe…  Mbiyen,  pas kowe cilik,  tak gendong mangkat nang mesjid…  Kowe seneng nak entuk jaburan criping…  Bagianku tak wenehke kowe karo adhimu…

Nduk… le… Malem takbir,  aku pengin nguripke oncor nang ngarep omah karo kowe… Nonton putu-putuku nguripke kembang api karo gegojekan…

Le… nduk… Bakdo mulih yo…  Sak durunge Gusti kang murbeng dumadi mundhut wong tuwomu iki…

*Le…  Nduk…  tak enteni tenan yo….*

Untuk kawan-kawan yang sedang di perantauan, yuk mudik 🙂 selagi masih sempat dan diberi kesempatan bertemu kedua orang tua kita. Salam anak Rantau.

Jember, 30 Mei 2017

-ws-

Komentar Anda nasehat untuk saya, tinggalkan komentar ...